Tuesday, February 18, 2020

Banyu Langit ꧋ ꦧꦚꦸ ꦭꦔꦶꦠ꧀ ꧉


꧄ ꦱ꧀ꦮꦫ ꦄꦔꦶꦤ꧀
 ꦄꦔꦶꦤ꧀ ꦱꦶꦁ ꦔ꧀ꦉꦫꦶꦝꦸ ꦄꦠꦶ
ꦔꦼꦭꦶꦔꦏꦺ ꦱ꧀ꦭꦶꦫꦩꦸ ꦱꦶꦁ ꦠꦏ꧀ ꦠ꧀ꦉꦱ꧀ꦤꦤꦶ
ꦥꦺꦔꦺꦤ꧀ ꦤꦔꦶꦱ꧀
ꦔꦼꦠꦺꦴꦏ꧀ꦏꦺ ꦌꦭꦸꦃ ꦤꦺꦁ  ꦥꦶꦥꦶ
ꦱꦸꦮꦺ ꦫ ꦮꦼꦫꦸꦃ
ꦱꦼꦤꦗꦤ꧀ ꦩꦸꦁ ꦄꦤ ꦔꦶꦩ꧀ꦥꦶ
ꦔꦊꦩ
ꦔꦊꦩ꧀ ꦤꦺꦁ ꦝꦝꦏꦸ
ꦠꦩ꧀ꦧꦤꦤ ꦫꦱ ꦏꦔꦼꦤ꧀ ꦤꦼꦁ ꦄꦠꦶꦏꦸ
ꦔꦊꦩ
ꦔꦊꦩ ꦤꦼꦁ ꦄꦏꦸ
ꦧꦼꦤ꧀ ꦫ ꦄꦝꦼꦩ꧀ ꦏꦼꦱꦶꦫꦩ꧀ ꦈꦢꦤꦶꦁ ꦢꦭꦸ
ꦧꦚꦸ ꦭꦔꦶꦠ꧀
ꦱꦶꦁ ꦄꦤ ꦟ꧀ꦝꦸꦮꦸꦂ ꦏꦪꦔꦤ꧀
ꦮꦠꦸ ꦒꦼꦝꦺ
 ꦏꦭꦶꦔꦤ꧀ ꦩꦼꦟ꧀ꦢꦸꦔꦺ ꦈꦢꦤ꧀
ꦠꦼꦊꦱꦤ
 ꦄꦠꦶꦤꦼ ꦮꦺꦴꦁ ꦱꦶꦁ ꦏꦱ꧀ꦩꦫꦤ꧀
ꦱꦼꦠꦾ ꦗꦚ꧀ꦗꦶ
ꦱꦼꦥꦿꦺꦤꦺ ꦠꦤ꧀ꦰꦃ ꦏꦼꦭꦶꦔꦤ꧀
 ꦄꦝꦼꦩꦺ ꦒꦸꦤꦸꦁ ꦩꦿꦥꦶ ꦥꦸꦧꦂ
ꦩꦼꦭꦸ ꦏꦿꦸꦔꦸ ꦱ꧀ꦮꦫꦩꦸ ꦔꦺꦴꦩꦺꦴꦁꦏꦺ ꦄꦥ
 ꦄꦝꦼꦩꦺ ꦒꦸꦤꦸꦁ ꦩꦼꦫꦥꦶ ꦥꦸꦧꦂ
ꦱꦶꦁ ꦤꦺꦁ ꦭꦁꦒꦿꦤ꧀ ꦮꦤꦱꦫꦶ ꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦠꦂ
ꦗꦚ꧀ꦗꦶꦤꦺ ꦭꦸꦔꦤꦺ ꦫ ꦔꦤ꧀ꦠꦶ ꦱꦸꦮꦺ ꦱꦸꦮꦺ
ꦥꦩꦶꦠ꧀ ꦺꦱꦸꦏ꧀ ꦭꦸꦔꦤꦺ ꦫ ꦔꦤ꧀ꦠꦶ ꦱꦺꦴꦫꦺ
ꦗꦚ꧀ꦗꦶꦤꦺ ꦭꦸꦔ ꦫ ꦔꦤ꧀ꦠꦶ ꦱꦼꦩꦺꦤꦺ ꦱꦸꦮꦺꦤꦺ
ꦔꦤ꧀ꦠꦶ ꦏꦥꦤ꧀ ꦠꦏ꧀ ꦌꦤ꧀ꦠꦺꦤꦶ ꦱꦏ꧀ ꦠꦼꦏꦤꦺ
 ꦈꦢꦤ꧀ ꦒꦿꦶꦩꦶꦱ꧀
ꦠꦼꦊꦱꦤ ꦏ꧀ꦭꦩ꧀ꦧꦶ ꦆꦏꦶ
ꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁ ꦝꦝ
ꦧꦼꦤ꧀ ꦫ ꦒꦫꦶꦁ ꦔꦼꦏꦼꦥ꧀ ꦗꦚ꧀ꦗꦶ ꧉   ꧊


Swara angin
 Angin sing ngreridhu ati
Ngelingaké sliramu sing tak tresnani
Péngén nangis
Ngetokké eluh n
éng pipi
Suwé ra weruh
Senajan mung ana ngimpi
Ngalema
Ngalem néng dhadhaku
Tambanana rasa kangen neng atiku
Ngalema
Ngalema neng aku
Ben ra adhem kesiram udaning dalu
Banyu langit
Sing ana ndhuwur kayangan
Watu gedh
é
 Kalingan mendungé udan
Telesana
 Atine wong sing kasmaran
Setya janji
Sepréné tansah kelingan
 Adhemé gunung mrapi purba
Melu krungu swaramu ngomongké apa
 Adhemé gunung merapi purba
Sing néng langgran Wanasari Yogyakarta
Janjiné lungané ra nganti suwé suwé
Pamit ésuk lungané ra nganti soré
Janjiné lunga ra nganti seméné suwéné
Nganti kapan tak enténi sak tekané
 Udan grimis
Telesana klambi iki
Jroning dhadha
Ben ra garing ngekep janji . |

No comments:

Post a Comment

Tmeplate Orang Jawa Monggo

javanese-indonesian-welcome- Download Template Orang Jawa Monggo