Sunday, September 24, 2017

Prasasti Masjid Pakualaman

[Pemut kala aděging kagungan Dalěm masjid. Amarěngi ing dintěn Dite Pon, wanci jam astha tanggal kadwi, ing wulan riyaya Sawal, taun wiyosanipun Gusti Kangjěng Nabi panutan, Dal, siněngkalan Pandhita Obah Sabda Tunggal, mangsa Sad, lambang Klawu, Dhukut, windu Sangara, kawada. Ingkang ngrěsakakěn ngyasani aděging Jamangah Kangjěng Gusti Pangeran Adipati Ridre Paku Alam ingkang juměněng kaping kalih. Ingkang lělados Patih Rahaden Riya Natarěja, Mas Pengulu Mustahal. Titi]

꧄ꦥꦺꦩꦸꦠ꧀ꦏꦭꦄꦢꦼꦒꦶꦁꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦩꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀꧈ ꦄꦩꦉꦔꦶꦆꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦶꦠꦺꦥꦺꦴꦤ꧀꧈ ꦮꦚ꧀ꦕꦶꦗꦩ꧀ꦄꦱ꧀ꦛꦠꦁꦒꦭ꧀ꦏꦢ꧀ꦮꦶ꧈ ꦆꦁꦮꦸꦭꦤ꧀ꦫꦶꦪꦪꦱꦮꦭ꧀꧈ ꦠꦻꦴꦤ꧀ꦮꦶꦪꦺꦴꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦁꦗꦼꦁꦤꦧꦶꦥꦤꦸꦠꦤ꧀꧈ ꦢꦭ꧀꧈ ꦱꦶꦤꦼꦁꦏꦭꦤ꧀ꦥꦟ꧀ꦝꦶꦠꦎꦧꦃꦱꦧ꧀ꦢꦠꦸꦁꦒꦭ꧀꧈ ꦩꦁꦱꦱꦢ꧀꧈ ꦭꦩ꧀ꦧꦁꦏ꧀ꦭꦮꦸ꧈ ꦝꦸꦏꦸꦠ꧀꧈ ꦮꦶꦟ꧀ꦢꦸꦱꦔꦫ꧈ ꦏꦮꦢ꧉ ꦆꦁꦏꦁꦔꦽꦱꦏꦏꦼꦤ꧀ꦔ꧀ꦪꦱꦤꦶꦄꦢꦼꦒꦶꦁꦗꦩꦔꦃꦏꦁꦗꦼꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦫꦶꦢꦿꦺꦥꦏꦸꦄꦭꦩ꧀ꦆꦁꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦏꦥꦶꦁꦏꦭꦶꦃ꧉ ꦆꦁꦏꦁꦊꦭꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦠꦶꦃꦫꦲꦢꦼꦤ꧀ꦫꦶꦪꦤꦠꦉꦗ꧈ ꦩꦱ꧀ꦥꦼꦔꦸꦭꦸꦩꦸꦱ꧀ꦠꦲꦭ꧀꧈ ꦠꦶꦠꦶ꧄

No comments:

Post a Comment

Tmeplate Orang Jawa Monggo

javanese-indonesian-welcome- Download Template Orang Jawa Monggo