Sunday, March 28, 2021

Aksara Jawa Tradisional |Masih Prototype

  Aksara Jawa Mardi Kawi

.
.

 
Download Gambiranom Unicode

 Download Aksara Jawa ANSI

 

 Download Virtual Keyboard Gambiranom ANSI

 

Program ini bisa langsung dijalan kan di laptop PC, namun bagi pemakai  HP Android harus menginstall CHM Viewer:
Download-chm-viewer

.
Saking Sêrat Mardi Kawi karanganipún W.J.S. Púrwådarmintå aslinipúnwontên 3 (tigang) buku / jilid, kasêrat mawi aksårå Jawi Carakan tahún 1860 ingNgayogyakartå, kacithaktahún 1930 déning Uitgeverij en Boekhandel - Stoomdrukkerij "DeBliksem" - Solo.
Kapêthiknamúng sakpérangan amargi wontên têdhakan ingkang wigati lan dadós dudutan / réfêrènsi ing CarakanUnicode Versi 5.2, antawisipún aksårå swårå Jawi Kina utawi Kawi ingkang botênkapacak ing Wawatón Sriwêdari 1926 :

 .

.
1) Aksårå - aksårå ingkang kanggé titiyang Jawi jaman kinå,ingkang ugi kalimrah kawastanan Sastrå Kawi, punikå mênggah ing wujudipún sampún kathah bèntênipún tinimbangkaliyan ingkang kanggé samangké.


2) Wóndéné aksårå Jawi ingkang kanggé nyêrati båså Kawi,piprincènipún makatên :

 .

.
Aksårå Górókan:
ꦏꦑꦒꦓꦔ
k kh g gh ng

Aksårå Cêthak:
ꦕꦖꦗꦙꦚ
c ch j jh ny

Aksårå Lidhah:
ꦡꦜꦞꦣꦟ
tth ddh dhh nh

Aksårå Dantå:

ꦠꦛꦢꦝꦤ
t th d dh n

Aksara Osthya:

ꦥꦦꦧꦨꦩ
p ph b bh m


ꦕ ꦖꦗ ꦙ ꦚ
ca cha ja jha nya

Aksårå Måndå Swårå:
ꦪꦫꦭꦮ
y r l w

Aksårå Swå (abab):
ꦯꦰꦱꦲ
sy sh s h


Katêrangan:
ꦘ Punikå aksårå : ꦚ mahaprana,

kadósta : ꦄꦘ-ꦄꦚ


ꦖ Pasangan : ꦕ mahaprana, yèn kasêrat latin : “ch”,

upami : ꦕꦺꦕ꧀ꦖ- séchha


ꦧ Yèn dadós pasangan inggíh : ꦨ,

upami : ꦏꦼꦩ꧀ꦨꦁ꧈ ꦠꦼꦩ꧀ꦨꦁ



ꦧ Pasanganipún: ꦧ,

upami: ꦄꦩ꧀ꦧꦺꦴꦗꦷꦤ



ꦣ “dh” Aksara Danta: pasanganipún: ꦣ,

upami: ꦱꦤ꧀ꦣꦶ꧈ ꦧꦤ꧀ꦣ꧈ ꦄꦧ꧀ꦣ꧉



ꦝ “dh” Aksara Lidhah:pasanganipún: ꦝ,

kadósta: ꦥꦴꦟ꧀ꦝꦮ꧈ ꦕꦸꦟ꧀ꦝꦁ꧉

ꦰ Pasanganipún ꦰ

upami: ꦮꦠ꧀ꦰ꧌ꦮꦠ꧀ꦱ꧍



ꦯ inggih: ꦯ


ꦿ Punika salugunipún pasangan:ꦫ
꧀ꦚ Punika pasangan: ꦤ dipún péngkal

Mênggah aksara: ꦑ꧉ ꦓ꧈ ꦡ꧈ ꦦ꧈ ꦨ꧈ ꦯ꧈ ꦣ punika pamaósipun lêrêsipúnkêdah

kanthi abab dadós langkúng antêb.

3) Aksårå Swårå inggih punikå:
ꦄ a ꧖ é ꦆ i ꦎ u ꦈ o ꦉ rê ꦊ lê
Yén panjang (Dirgå)
ꦄꦴ ã ꦍ ai ꦇï ꦈꦴü ꦎꦴ au
ꦉꦴ
rêu ꦋ lêu

4) SandhanganSwårå wóntên warni kalih : “Limrah” kaliyan “Dirga (Panjang)”

a. Raswadi : ꦴ

(ã = ꦴ)->ꦦꦭ=phala
(ã = ꦴ)->ꦥꦿꦨꦮ=prabhåwa

b. Dirgamutak : (ï = ꦷ )

(i=ꦶ) → ꦠꦶꦧꦴ=tibã

(ï = ꦶ) → ꦠꦷꦧꦿ=tïbra

c. Dirgamêndút : (ü = ꦹ)

(u= ꦸ) → ꦲꦸꦭꦸꦤ꧀= hulún
(ü = ꦹ) →ꦨꦹꦥꦠꦶ=bhüpati

d. Dirgamuré : (é = ꦻ)

(é = ꦏꦺ) →ꦱꦟ꧀ꦢꦺꦲ= sandéhå
(ai = ꦏꦻ) →ꦮ꧀ꦮꦻ=wwai

e. Dirgamuré raswadi : (au =ꦻꦴ)
(o = ꦺꦴ) → ꦥꦶꦁꦱꦺꦴꦂ= pingsór
(au = ꦻꦴ) → ꦩꦻꦴꦤ꧀=mauna

f. Dirgamutak : (õ = ꦼꦴ)
(ê = ꦼ) → ꦲꦶꦝꦼꦥ꧀= hidhêp
(õ = ꦼꦴ) → ꦩꦱꦼꦴ=masõ

5) SandhanganAnu Swårå ( ꦁ) ,yèn kasêrat latin: “ng”, déné yèn kapasangan ing:


ꦲ꧈ ꦏ꧈ ꦒ꧈ ꦯ꧉

anuswaranipún awujúd:
ꦔ꧈

kadósta:
ꦩꦔ꧀ꦏꦤ꧈ ꦱꦶꦤ꧀ꦓ꧈ ꦄ ꦺꦔ꧀ꦲꦭ꧀꧈ ꦦꦸꦗꦔ꧀ꦒ

ꦱꦔ꧀ꦓ꧈ ꦄꦔ꧀ꦯ


6) SandhanganWisargå (Wignyan) ( ꦃ) ,
sami kémawon kaliyan sigêg: ꦲ꧈

7) Kataling, sami kaliyan sigêg: ꦪ꧈

ꦒꦮꦺ -ꦒꦮꦺꦪ꧈(gawé) ꦮꦔ꧀ꦏꦺ-ꦮꦔ꧀ꦏꦪ꧉(wangkåyå)

8) Wóntên ing båså Kawi trapipún sandhangan “Layar”, bótêndumunúng íng aksara ingkang kalayar, nangíng wóntên ing sawingkingipún.
Awit “Layar” punikå salugunipún inggih sigêg: ꦫ꧈ milanipúnmanawi dumunúng ing wåndå wékasan inggih kawêtahakén sigêg: ꦫ꧉

ꦕꦠꦸꦮꦂꦟ Saråså punikå: catur warnnå ꦕꦠꦸꦂꦮꦂꦟ

ꦏꦰꦂ Saråså punikå: karshå ꦏꦂꦰ

ꦄꦪꦾꦂ Saråså punikå: aryå ꦄꦂꦪꦾ

ꦒꦮ꧀ꦮꦂ Saråså punikå: garwwå ꦒꦂꦮ꧀ꦮ

ꦭꦺꦴꦫ꧀ Saråså punikå: garwwå ꦭꦺꦴꦂ
ꦩꦺꦴꦗꦫ꧀ Saråså punikå: mojar ꦩꦺꦴꦗꦂ
9) SandhanganKêrêt ( ꦽ), yènkasêrat aksårå kina: r, nanging ingkang makatên wau ingkang limrah yèn asalsaking basa Sangsêkarta, yèn pancèn asli têmbúng inggih kasêrat: rê,

ꦩꦢꦽꦱ꧀ madrês

10) Wóndéné traping panjingan ingkang kanggé inggihpasanganipún,

kadóstå : ꦲ꧀ꦭꦩ꧀ꦲ꧀ꦭꦩ꧀ ꦠ꧀ꦏ꧈ ꦏ꧀ꦱꦠꦿꦶꦪ꧈ ꦏ꧀ꦱꦶꦠꦶ꧉


SandhanganCåkrå lan Péngkal inggih sami kaliyan samangké:

ꦏꦿꦩ= kråmå, ꦫꦗꦾ= rajyå

Têmbung - têmbung ingkang wandanipún ingkang ngajêng “Pêpêt”kêrêp karangkêp kaliyan wåndå candakipún, dadós ical pêpêtipún, makatên punikåkawastanan Upåpanji,
upami:

ꦠꦼꦩꦸ-ꦠ꧀ꦩꦸ(têmu),
ꦊꦧꦸ-ꦭ꧀ꦨꦸ(lêbu)
ꦏꦼꦧ-ꦏ꧀ꦨ(kêba)

11) Mênggah pamaósipún båså Kawi punikå ingkang limrah miring“Cårå Banyumasan” dadós: “soêrå” kêdah kawaos: soêra.

12) Panyêratipún båså Kawi punikå ingkang limrah mawi “SastråLampah”, inggih punikå yèn wóntên aksårå sigêg lajêng kasusúl íng aksårå swårå,sisigêgipún ical.
Déné aksårå swårå wau lajêng malíh dadós aksårå sisigêg wau,mawi sandhanganswårå kados déné swaraning aksårå swårå.
upami:



ꦮꦸꦏꦶꦫ꧀ꦄꦭꦱ꧀ - ꦮꦸꦏꦶꦫꦭꦱ꧀

ꦄꦏꦺꦴꦤ꧀ꦄꦏꦸ - ꦄꦏꦺꦴꦤꦏꦸ

ꦩꦗꦫ꧀ - ꦩꦗꦫꦶ

ꦱꦁꦈꦠ꧀ꦠꦁꦏ - ꦱꦔꦸꦠ꧀ꦠꦁꦏ

ꦄꦮꦶꦊꦩ꧀ꦄꦱ꧀ꦠꦸ - ꦄꦮꦶꦊꦩꦱ꧀ꦠꦸ

13) Déné yèn kasêrat aksårå latin, kapilahpilah miturút lingganipun
(satêmbúng- satêmbúng).
“Ambêk sang paramartha panditahuwus limpad sangkèng Çunyata,
tan sangkèng wisayaprayojana nira lwir sanggrahèng lokika.”

꧋ ꦄꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦰꦁꦥꦫꦩꦡꦂ,ꦥꦟ꧀ꦝꦶꦠꦲꦸꦮꦸꦱ꧀ꦭꦶꦩ꧀ꦥꦢ꧀ꦱꦔ꧀ꦏꦺꦁꦯꦸꦤꦾꦠ꧈
ꦠꦤ꧀ꦰꦔ꧀ꦏꦺꦁꦮꦶꦰꦪꦥꦿꦪꦺꦴꦗꦤꦤꦶꦫꦭ꧀ꦮꦶꦱꦂꦔ꧀ꦒꦿꦲꦺꦁꦭꦺꦴꦏꦶꦏ꧉

Amrih anggamblangakên sanyuraós ingwaósan

sumber: http://adjisaka.com/index.php/01-mardi-kawi


No comments:

Post a Comment

Tmeplate Orang Jawa Monggo

javanese-indonesian-welcome- Download Template Orang Jawa Monggo